Lirik Lagu Campursari - Setasiun Balapan - Didi Kempot

Setasiun Balapan

Ning Setasiun Balapan
Kutho Solo sing dadi kenangan
Kowe karo aku,
Nalika, ngeterke lungamu

Ning Stasiun Balapan
Rasane kaya wong kelangan
Kowe ninggal aku
Ra krasa netes eluh ning pipiku

Daaa,, dadah sayang..
Daaa,, slamat jalan..

Janji Lunga mung sedhela
Jare sewulan ra ana
Pamitmu nalika semono
Ning Stasiun Balapan Solo

Jare lunga mung sedhela
Malah tanpa kirim warta
Lali apa pancen nglali
Yen eling mbok enggal bali

0 Response to "Lirik Lagu Campursari - Setasiun Balapan - Didi Kempot"

Posting Komentar