Lirik Lagu Campursari - Bojoku Galak - Via Vallen

Bojoku Galak

Wis nasipe kudu koyo ngene
Nduwe bojo kok ratau ngepenakke
Seneng muring ... omongane sengak
Kudu tak trimo ... bojoku pancen galak

Saben ndino rasane ora karuan
Ngerasakke bojoku sing ra tau perhatian
Nanging piye maneh atiku wis kadung tresno
Senajan batinku ngempet ono njero dodo

Yo wes ben nduwe bojo sing galak
Yo wes ben sing omongane sengak
Seneng ngawe aku susah
Nanging aku wegah pisah

Tak tompo nganggo tulus ning ati
Tak trimo sliramu tekan saiki
Mungkin wis dadi jodone
Senajan kahanane koyo ngene

Sungguh keterlaluan bojoku sing saiki
Kliru sitik wae aku mesti diseneni
Ameh dolan ro konco kok ora diolehke
Senengane nuduh dikiro lungo ro liyane

Yen wes ngono aku mung iso meneng
Tak jelasno malah mung ngawe kowe sepaneng
Di matamu aku iki ora tau bener
Kabeh mbok salahno ... rumongso wis paling pinter

Yo wes ben nduwe bojo sing galak
Yo wes ben sing omongane sengak
Seneng ngawe aku susah
Nanging aku wegah pisah

Tak tompo nganggo tulus ning ati
Tak trimo sliramu tekan saiki
Mungkin wis dadi jodone
Senajan kahanane koyo ngene

Ibarate dele sing uwis dadi tempe
Kudu tak lakoni yen pancen ngene dalane
Abote nduwe bojo sing galak
Lek ra keturutan senengane mencak-mencak

Ra usah di getuni aku kudu kuat ati
Nganti tekan mati sliramu tetep ning ati
Disetel kendo wae ...  tak nikmati uripe
Senajane galak bojoku pancen sing ganteng dewe

Kuat dilakoni ... lek ra kuat ditinggal ngopi
Tetep cinta senajan bojoku galak

Yo wes ben nduwe bojo sing galak
Yo wes ben sing omongane sengak
Seneng ngawe aku susah
Nanging aku wegah pisah

Tak tompo nganggo tulus ning ati
Tak trimo sliramu tekan saiki
Mungkin wis dadi jodone
Senajan kahanane koyo ngene

Yo wes ben nduwe bojo sing galak
Yo wes ben sing omongane sengak
Seneng ngawe aku susah
Nanging aku wegah pisah

Tak tompo nganggo tulus ning ati
Tak trimo sliramu tekan saiki
Mungkin wis dadi jodone
Senajan kahanane koyo ngene

0 Response to "Lirik Lagu Campursari - Bojoku Galak - Via Vallen"

Posting Komentar