Lirik Lagu Campursari - Tresno Suci - Nella Kharisma

Tresno Suci

Mas tresno iki ora ono sing biso nganteni
Masio kowe gawe loro ati iki
Aku isih tetep tresno mas
Aku ora biso nglalekke sliramu soko atiku
Sing tak jaluk amung sadarmu
Ilingi karo anak bojomu iki mas

Ning opo kowe tego ninggalake aku
Wes ora iling karo janji setyomu
Sing kok ucapake neng ngarep penghulu
Nalikane kowe ngrabi awakku iki

Opo kowe ra iling naliko jaman semono
Kowe janji setyo marang aku
Nganti mbesuk tumeko ing pati
Tapi opo saiki banjur kowe ngelali

Opo ora eling maneh karo anak bojomu
Sing sabendino ngenteni tekamu
Sing tak jaluk yo mung sadarmu
Balio marang aku ... elingo karo anak bojomu

Tresno iki tak jogo mung kanggo sliramu
Nganti kapan wae kowe tetep tak tunggu
Sing tak jaluk mung siji eling lan sadarmu
Mugo wae kowe eling marang janji setyomu

Ning opo kowe tego ninggalake aku
Wes ora iling karo janji setyomu
Sing kok ucapake neng ngarep penghulu
Nalikane kowe ngrabi awakku iki

Trisno suci iki tetep tak jogo
Nganti saiki masio kowe sering ngeloro ati
Wis pirang pirang sasi kabarmu tak enteni
Saben bengi aku yo mung ngelus dodo iki

Kadung anakmu takon kapan bapakku bali
Ngertenono ning njero batin iki keloro loro
Ning opo kowe tego mentolo
Ninggalke aku lungo karo wanito liyo

Trisno iki tak jogo mung kanggo sliramu
Nganti kapan wae kowe tetep tak tunggu
Sing tak jaluk mung siji eling lan sadarmu
Mugo wae kowe iling marang janji setyomu

0 Response to "Lirik Lagu Campursari - Tresno Suci - Nella Kharisma"

Posting Komentar